Tukang Ojek Vs internet

Ir. Bambang Parikesit  mulih nang Suroboyo amargo dikabari nek mak-e  kangen  lan arep-arep tekane.  Soale Bambang wis limang taon gak mulih blas.

Nok bandara Juanda Bambang dipapak  Wedhiraimu – adike sing nomer telu sing nyambut gawe nok Lumajang. Bambang sing nyetir montor saka Juanda nang Sukolilo. Bambang lan Wedhiraimu  rodok gak apal dalan, mulane Bambang bolak-balik ndelok peta kutho Suroboyo.

” Dalan sing nang Omahe awake dewe iki  liwat  endi sih , kok malih ruwet ngene “, Bambang rodok mangkel mergo nyasar gak karu-karuan. Bambang minggirno montore, trus mbukak laptop.

” Nggo opo mas kathik mbukak komputer barang ?”,  Wedhiraimu  takok kangmase sing lagi mbukak laptop.

” Wis menengo ae talah, aku tak nggolek dalan nang omah. Nganggo GPS nok internet cepet kok “. Bambang uthak-uthek laptop.

Wedhiraimu  mudun saka montor. Gak suwe mlebu maneh nang montor. Bambang isih uplek nggolek dalan nok  internet.

” Wis mas, ayo brangkat. Dalan iki lurus, engko onok lampu abang ijo menggok nengen. Pethuk terminal Bratang menggok  nengen maneh. Nok ngarep markas Brimob onok dalan cilik, sampeyan mlebu ae. Omahe emak nomer 10 soko gapuro “, Wedhiraiku ngajak brangkat.

” Lho awakmu kok weruh , ndelok peta tah internet ? “, Bambang tako.

” Takonk  tukang ojek ae , luwih cepet timbang internet !! “.

.

Hikmah

1. Nek onok cara  sing gampang, hla laopo nganggo cara  sing njlimet.

2. Internet kadangkolo kalah mbarek tukang ojek.

.

Buy and Sell text links

Tags: papa,

Bad Behavior has blocked 1762 access attempts in the last 7 days.