Tresno Ilang Nok Stanplat Bratang
Dino Setu esuk Raimoe wis dandan mlipis. Nganggo kaos buweng model saiki onok tulisan” Aku Tresno Kowe Pwol”. Bagean ngisor nganggo clono blujin sing ono rante putih nglewer. Sabuk gede warno ireng, nduk timangane ono gambar pistol sak plurune. Wah, aksine koyok koboi. Jambul rambute kaku mergo diolesi jel model ngrangkul ceket utowo strong hold. Nek keterak angin gak iso mosah-maseh. Cingklakane diolesi obat kelek cap Wangi Ach, sikut lan gulune disemprot lengo wangi cap Tawon Ngentup, oplosanne Raimoe dewe.
Raimoe jange pethukan karo Sukasti, prawan ayu anake bakul janganan. Atine Raimoe seneng pwol amargo dik wingi nompo weling cekak (sms) soko Sukasti. “La opo sampeyan kondo tresno kok nok handphone. Mbok kondo langsung ae nok ngarepku cik aku yo iso njawab langsung,” mengkono unine weling cekak sing ditompo Raimoe. Selengkapnya
Tags: cerita bahasa jawa, Cerita Fiksi, tresno ilang
Incoming search terms for the article:
- kata kata bahasa jawa lucu blogcamp
- cerkak bahasa jawa tresno
- puisi aku tresno karo koe
- puisi jowo aku tresno kowe
- pecel bratang
- ngungkapke roso tresno
- Ngungkapke roso ngango boso jawa
- imagechef
- cerpen trisno nganggo boso jowo
- Rayuan trisno Ngomong boso suroboyo

Cafe Popas belum begitu ramai. Di meja 23 duduk seorang laki-laki bersama seorang perempuan cantik dengan rambut bergaya high bun,